Pepeling Tumrap Manungsa
Wontenipun wabah Virus Corona ndamel kita manungsa kedah saget nglenggana bilih kita menika sanyatanipun alit ,ringkih,tanpa daya.Kados-kados pepes ing pangajeng ajeng,lungkrah ing raga lan driya.
Ibarat kita menika majeng perang ananging mengsah mboten ketingal,mila kita namung kira-kira lan kedah tansah jumaga.
Mbok menawi kita ugi sampun semplah sadinten dinten namung wonten griya,ananging panci menika ingkang kedah kita lampahi.
Manut pangrehing pamarintah ingkang budidaya amrih enggal pulihe kawontenan,menika kita sampun ateges mbiyantu para pangembating praja ,para- para ingkang kapatah dados tamenging manungsa saking murkaning ama kang kawastanan VIRUS CORONA.
Saderek kula sadaya ingkang kinasih,
menapa kita taksih nggresula kanthi kawontenan punika?
Kita mboten piyambakan, ananging manungsa sak endenging bawana ngraosaken kawontenan ingkang nggegirisi menika.
Mbok menawi kita saget mendhet piwulang saking kawontenan ingkang kita lampahi sakmenika.
Menapa ta?
Kita dados rumaos ajrih, ajrih ing sesakit,ajrih ing pati.
Mila kita lajeng sami budidaya amrih sehating raga.
Kita dados preduli karesikan,
preduli tatakrama kanthi mboten sembarangan cekoh,wahing,ngludhah ing sadengah papan tanpa nggatosaken sak kiwa tengen kita.
Kita dados rumaos langkung mbetahaken Gusti kangge ngayomi ugi namengi gesang kita.
Panci kita kedah pitados bilih Gusti menika kuwaos ngayomi kita,ananging Gusti ugi paring akal budi dhumateng manungsa supados mbudidaya amrih lestarining gesanging manungsa.
Sumangga kita tansah pasrah Gusti ananging tetep jumaga,jaga sehating jiwa lan raga minangka ucap syukur kita awet berkahing Gusti tumrap gesang kita.
Mugi wabah Virus Corona enggal sirna,mugi kita saget kekempalan malih kados biyen mila.
Nuwun
Gusti mberkahi.
Sri Join
Kabeh Ana Wektune
Wiwit jaman mbiyen , jaman bumi lan sak isine diciptakke dening Pangeran, kabeh kuwi nganggo wektu.
Kabeh nganggo proses , ora ujug-ujug.
Samono uga nganti jaman saiki pranyata ora ana kang ora nganggo wektu.
Ana wayah esuk , wayah awan , wayah sore lan wayah wengi.
Ana wayah bayi , wayah bocah, nganti wayah dadi simbah.
Gandheng kabeh kuwi ana wektune, ana wayahe , mulane yen kita pas lagi wayah susah aja terus nglokro tanpa pangarep-arep.
Percaya wae yen mengko mesthi kita bakal tumeka wayah bungah.
Samono uga sewalike , yen pas wayah bungah ya aja terus lali menawa arep lumebu wayah susah.
Nuwun
KADIGDAYANE GITAR
Alat musik sing jenenge Gitar kanggone kita mesthine wis ora asing.
Jaman durung akeh keyboard , gitar wis biasa dimainke uwong.
Saka pengamen nganti musisi top.
Gitar isa dikelompokke dadi rong kelompok , yaiku gitar akustik lan gitar elektrik.
Sing paling mumpuni isa nggo main aneka warna aliran musik iya kuwi gitar akustik utawa akeh wong ngarani gitar bolong amarga gitar akustik kuwi kanggo ngetokake swara nggunakake lubang resonansi.
Ora buntet kaya gitar elektrik.
Gitar akustik pancen sawijining alat musik kang ngedab-ngedabi.
Lha piye , kita arep main lagu pop, keroncong , dangdut , blues , rock nganti langgam jawa dijamin isa.
Kuwi kabeh amarga konstruksine gitar kang sederhana nanging nada-nadane kompli lan oktafe ya lumayan akeh.
Coba kita delok nada E senar 6 loss snar.
Kuwi 1 oktaf tekan senar no.4 petak 2.
Trus digeser menyang senar 1 loss snar.
Kuwi wis tekan oktaf 3.
Geser meneh menyang petak 12 snar 1.
Kuwi artine wis tekan oktaf 4 !
Mulane gitar arepa mung kayu , nanging pancen digdaya tenan.
Oh iya, gitar ya isa nggo main lagu-lagu klasik.
Sing pungkasane sing genah gitar kuwi enteng lan isa digawa neng ngendi wae tanpa listrik.
Nuwun
Ki Hanggo

Tidak ada komentar:
Posting Komentar